Advertise Banner

Wednesday 18 March 2015

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER II

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER II
BAB I
A.   Musyawarah
Musyawarah iku kegiatan kanggo ngrembuk sawijining babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi utawa cara ngrampungake perkara iku. Tujuane musyawarah yaiku kanggo nggolek mupakat. Ana ing musyawarah, kabeh anggotane entuk guneman lan menehi panemu (pendapat). Saka sakeheng panemu kasebut banjur dirembuk maneh amrih becike. Sawise iku dijipuk dudutane utawa kesimpulane minangka pasarujukan utawa mupakat.
Musyawarah bakal bisa lumaku  kanthi becik menawa kabih kang magepokan karo kegiyatan iku ngetrepi kewajibane dhewe-dhewe. Adakane anane sawijine pawongan kang dadi suh, kang mranata lakune musyawarah. Umpama ana ing rapat sering diarani moderator. Moderator iku kang bakal miwiti kanthi ngandarake apa kang di rembug, mratitisake sapa kang kajibah ngudal panemu, menehi kalodhangan marang kang nanggapi, lan kang pungkasan mesthi bae nemtoake dudutan / simpulan.

B.   Nyemak pawarta
Ana sajeroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake, lan nyemak. Ketelune beda-beda tegese.
·         Krungu tegese proses kegiyatan nanpa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa sederma kebeneran
Tuladha : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka gendheng.
·         Ngrungokake tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja, nanging during ana unsure pemahaman.
Tuladha : Nalika aku sinau basa jawa, aku krungu lagu karemenanku, sebanjure aku ngrungokake lagu kui, aku sinau maneh.
·         Nyemak tegese proses kegiyatan nyamak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham, apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta paham tegese babagan sing diomongake pambicara.
Tuladha : Aku mesthi nyamak piwulangan sing diparengake guruku kanthi tumenen, sinambi nyatet bab-bab penting sing diparingake.

à Jinising nyemak kaperang dadi loro, yaiku :
a.       Nyemak ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan sabendinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon ning pasar.
      Ana patang perangannyemak ekstensif :
1.      Nyemak Sekunder, yaiku sing kedadiya sarana kebeneran. Umpamane : lagi sinau bias ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
2.      Nyemak Sosial, yaiku nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp.
3.      Nyemak Estetika / Apresiatif, yaiku kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
4.      Nyemak Pasif, yaiku ngrungoake seng dilakoni kanti tampa ana upaya sadar.
Kayata nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.



b.      Nyemak Intensif
Tegese kegiatan nyemak sing di lakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Cirri-ciri nyemak intensif :
a.       Nyemak kanthi pemahaman
b.      Nyemak kanthi kebak konsetrasi
c.       Nyemak paham basa formal
d.      Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising nyemak intensif yaiku :
1.      Nyemak kritis tegese :kegiatan nyemak sing dilakoni kanti tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtoake asli lan orane, kaluwihan, lan kekurangan-kekurangangane.
2.      Nyemak konsentratif, tegese : kegiatan nyemak sing dilakoni kanthi permati,kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sing dirungoake.
Tujuan nyemak konsentratif yaiku :
-          Manut petunjuk-petunjuk / pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi formulir pendaftaran.
-          Nggoleki sesanbungane antar unsure sanjroneng nyemak.
-          Nggoleki sesanbungane kuantitas lan kualitas sanjroneng komponen.
-          Nggoleki informasi penting.
-          Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
-          Nggoleki gagasan utama.
3.      Nyemak ekploratif, tegese kegiatan nyemak sing dilakoni kanti permati kanggo entuk informasi anyar. Tejuane :
-          Nemokake gagasan anyar.
-          Nemokake informasi anyar lantambahan saka bidang tertentu.
-          Nyemak kanggo nemokake topic-topik anyar sing bisa dikembangake.
-          Nemokake unsure-unsurbahasa sing sifate penting.
4.      Nyemak interogatif,tegese : kegiatan nyemak sing duweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tejuane :
-          Kanggo nggoleki fakta-fakta  kasunyatan.
-          Nyemak gagasan anyar.
-          Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli opo ora.
C.   Nyemak musyawarah
Nyemak musyawarah iku kalebu nyemak intensif, yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa taksih isih actual
Kanggo nggoleki informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor iki :
1.      Tema / topic
2.      Paraga musyawarah
3.      Isi musyawarah
a.       Pambuka
b.      Isi
c.       Panutup
4.      Simpulane




D.   Kawruh Sapala
1.      Rura Basa
Rura basa yaiku rakitaning tembung kang luput, nanging wis umum utawa lumrah di gunakake ing masyarakat. Mula rura basa uga diarani tembung-tembung kang salah kaprah.
           
Tuladha :
-          Kelan lodeh, tegese                  :  nggodog jejanganan supaya dadi lodeh.
-          Nggodog wedang, tegese          : nggodog banyu kanggo gawe wedang.
-          Nguleg sambel, tegese              : nguleg bumbu digawe sambel.
-          Mbakar sate, tegese                  : mbakar daging kanggo gawe sate.
-          Menek krambil, tegese                         : menek wet krambil.
2.      Kerata Basa (Jarwa Dhosok)
Kerata basa yaiku tembung kang di gothak-gathokake supaya cocok karo karepe utawa kahanane.
Tuladha :
-          Tuwa, tegese    : gampang metune nyawa.
-          Cengki, tegese : kencenging piker.
-          Brekat, tegese : mak brek yen diangkat.
-          Guru, tegese     : digugu lan ditiru.
-          Wanita, tegese :wani ditata.
E.   Pariwara / Iklan
1.      Pengertene pariwara / iklan
Pariwara / iklan yaiku sawijining pesen babagan barang / jasa (poduk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujukake marang bebrayan agung. Ancase pariwara yaiku supaya masyarakat kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.
Ancas pariwara yaiku :
a.       Menehi ngerti masyarakat.
b.      Ngajak masyarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut.
2.      Perangan pariwara / iklan
Bab kang kudu digatekake nalika nggawe pariwara yaiku :
a.       Ukara cekak lan aos (singkat dan jelas).
b.      Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif).
c.       Tulisan lan gambare narik kawigaten.
3.      Unsur-unsur pariwara / iklan
Unsure iklan ing antarane kayata :
a.       Jeneng barang / jasa kang ditawakake.
b.      Alamat produsen.
c.       Kahanan barang / jasa kang ditawakake, lsp.






BAB II

A.   Sesorah / Tanggap Wacana
1.      Pengertene sesorah
Sesorah yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong akeh.
2.      Tujuane sesorah
a.       Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b.      Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
c.       Aweh panglipur.
d.      Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
3.      Metode sesorah
a.       Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
b.      Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c.       Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d.      Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
4.      Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a.       Basa
b.      Busan
c.       Wiramaning swara
d.      Solah bawa / sikap
5.      Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.
6.      Perangan sesorah
a.       Salam pambuka
b.      Pambuka (purwaka basa)
-          Atur pakurmatan
-          Atur puja-puji
-          Atur panuwun
c.       Isi (surasa basa)
d.      Panutup (wacana basa)
-          Pangarep-arep
-          Ngaturake luput
e.       Salam panutup
7.      Ciri – ciri wacana persuasif
a.       Mbudidaya supaya sarujuk (satuju)
b.      Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang dikarepake penulis / celathu
c.       Tansah ngendhani dredah





B.     Cerita Rakyat
1.      Pengertene cerita rakyat
Cerita rakyat yaiku cerita kang ngembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asli karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Cerita rakyat ing tanah jawa iku akeh wujude, ing antarane : legenda, dongeng, mite, lsp. Thuladha : Andhe – andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandunng Bandawasa, lsp.
2.      Unsur cerita rakyat
a.       Tokoh
b.      Alur
c.       Setting
d.      Amanat / pesen






























Sumber : tim mgmp bahasa jawa smk kab. jepara

0 comments:

Post a Comment